Home » » PENGGING

PENGGING

Written By trihandoyo on Sabtu, 24 Agustus 2013 | 00.47

pengging dalam sejarah ada sebuah dokumen yakni serat sri karongron 3 yang mana diutarakan bahwaanya petinggi keraton surakarta jika akan melakukan peristirahatan untuk rekreasi biasanya singgah di pengging

SRI KARONGRON 3
Pupuh kinanthi.
Ahad tanggal ping patlikur
Maksih wulan sapar wanci
Pukul setengah sawelas
Sampeyan dalem sang aji
Tedhak marang ngeksipurna
Lawan kanjeg prameswari
--------
Wigatinira sang prabu
Karsa dalem nguningani
Panamireng pethelan
Sekaran ladosan saking
Tuwan marsal ing bakulan
Tinata ing epot beling
---------
Saha lelangen ing umbul
Karan umbul dhara tuwin
Umbul penganten lerira
Ing wetan tan pati tebih
Karan umbul pangabean
Winangun dipun dandosi
-----
Wus pinager bata tepung
Sinungan panti kekalih
Ing kidul miwah ing weta
Cekli ngresepake ati
Minangka kamar busana
Yen mentas lelangen warih
--------
Tuwin malih wonten umbul
Aneng sangareping masjid
Ingaran umbul sungsang
Sedaya toyane wening
Maweh arsaning driya
Ingkang anderek sang aji
====
Datan pinanjang ing catur
Kang aneng ngeksipurna Pengging
Sareng prapta ri salasa
Tanggal ping nemlikur enjing
Dhawuh kondhur marang praja
Srinata wus ngenyapuri

============Sri Karongron 3.alih aksara : Moelyono Sastroatmo.Balai Pustaka.Jakarta.1981======
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. TRIHANDOYOPENGGING - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger